Kamis, 31 Januari 2013

cerita ngapak

Kepribadiane wong dideleng sekang ENTUTE:

1)Wong ora Jujur: ngentut dewek nyalahna kancane.
2)Wong Pelit: ngentute mung sepethit.
3)Wong Sombong: ngentute diserokna kon pada krungu kabeh.
4)Wong ora Gaul: Nek ngentut senenge umpetan.
5)Wong Plinplan: kancane ngentut melu ngentut.
6)Wong Apes: wong liya sing ngentut, mlh deweke sing diarani.
7)Wong Boros: Nek ngentut ora cukup sepisan.
8)Wong eman: nek ngentut dibagik2na wong liya.
9)Wong Selingkuh: Nek ngentut dialon2na kur muni peess…..
10)Wong Sekti: entute ora moni tp bacin.
11)Wong Nyantheng : nek ngentut malah mendhelik karo ngamuk-ngamuk.
12)Wong Ora Sabaran : wis ngedehen mbethuthut, ora ngentut sing metu malah bole
13) Wong Kurang Kontrol : nek ngentut wis kegawa ampase.
14)Wong kurang gawean: wong sing gelem2e maca masalah Entut…..

Yang kedua.

BALAS DENDAM

Arep maring sawah Rikun pethukan karo Ratno

Rikun: Ngapa kowe esih esuk wis mlaku-mlaku karo kethek kucel?

Ratno: Ooo dasar picek, sik tek tuntun kiye jenenge wedhus duduk kethek!!

Rikun: Lah aku ora takon rika.. Sing tek takoni pancen weduse..

Ratno: Ooo awas kowe ya!


Bali kang sawah wong loro pethukan maning Ujuk-ujuk Ratno ngentut mak dut.. Rikun pecucuan..

Rikun: Kunyuk dobol.. Ngentut sembarangan! *Rikun arep semaput saking bacine.

Ratno: Siki kowe tek takoni, ngentut kuwe apik apa ora?

Rikun: Ya genah ora apik *karo nutupi irung

Ratno: Lah mulane tek buwang..

Rikun: Lah misale apik kepriwe?

Ratno: Lah mulane kowe tek wei..

Rikun: *mutah-mutah

yang ketiga

NGUMBAH KUCING

Rikun tuku deterjen neng warunge Ratno

Ratno: Kun, dengaren kowe umbah-umbah dewek?

Rikun: Aku arep ngumbah kucing..

Ratno: Ora salah kuwe Kun? *Ratno bingung

Rikun: Iya soale kucingku akeh tumane..

Ratno: Lah ya bisa mati kucingmu Kun..

Rikun: Lah tangggaku wingi kaya kuwe kucinge ya ora papa. Kalem no..

Bar mbayar Rikun bali arep ngumbah kucing.

Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno

Ratno: Kun kepriwe kucinge ko?

Rikun: Genah mati koh..

Ratno: Lah kuwe.. Tek omongi ora percaya si ko, lah kucing dikumbah karo deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma. *sungune Ratno modod..

Rikun: Kucingku mati udu meri deterjene..

Ratno: Lah sih kenang ngapa??!!

Rikun: Tek peres..
Hahahahahaha

maaf ane pake bahasa jawa ngapak,
jadi bila ada sobat yang dari luar jawa mungkin ngga ngerti cerita ini.
dan yang pengen banget tau tentang cerita ini bisa hubungi ane darimana saja, mau sms, telp, pm, inbox fb, pokoknya terserah deh, .
(admin jinkpro lagi sedikit gangguan)

sekian postingan ane pada malam hari ini.
Terimakasih telah berkunjung. semoga bermanfaat.
wassalamu'alaikum wr. wb.

1 komentar:

  1. Dina minggu maring ajibarang,
    Nang perjalanan ketemu dalan..
    Mantep temen pantune kang,
    Salam kenal karo pujangga maya kang..
    pantun lucu jawa ngapak cilacap asli 2015

    BalasHapus